Katresnan Kang Sejati
Katresnan Kang Sejati
A.Crita Rakyat
Crita Rakyat yaiku crita kang dicritake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradisi ing masyarakat.Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute.
Crita rakyat duwe unsur-unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan , latar (setting), alur (plot), sudut pandang, lan amanat.
Crita rakyat duwe piwulang utawa nilai-nilai antarane yaiku nilai-nilai budaya, sosial, moral.
● Titikane crita rakyat yaiku a. Panyebarane kanthi lesan.
b. Duweni sifat tradisional.
c. Sugih cakrik lan variasi.
● Mupangat crita rakyat yaiku :
a. Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem.
b. Mupangat dedaktif yaiku ndidik para kang maca nilai-nilai kebeneran lan keapikan.
c. Mupangat estetis yaiku menehi nilai-nilai keendahan.
d. Mupangat moralitas yaiku nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerti moral kang apik lan elek.
e. Mupangat relegiusista yaiku ajaraning agama.
● Wujud crita rakyat yaiku :
a. Mitos yaiku crita kang dianggep bener kedadeyan.
b. Legenda yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan biasane crita mau ana ing petilasan aripa watu, gunung kali.
c. Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya.
B.Sinopsis
Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe.
● Bab-Bab kang kudu digatekake nulis sinopsis yaiku :
a. Tema : gagasan pokok, pokok crita.
b. Latar : papan lan waktu dumadine prastawa.
c. Alur : lakuning crita.
d. Penokohan : paraga crita.
Sumber :
https://thegorbalsla.com/cerita-rakyat/



Keren
BalasHapusMudah dipahami
BalasHapusWow banget
BalasHapusMantul
BalasHapusBaguss
BalasHapus